cute death note

cute death note

Selasa, 01 Maret 2011

paribasan


  • Anak polah bapa kepradhah = Wong tuwo nemu ribed amarga polahe anak

  • Andhang andhang tetesing embun = Njagakake barang mung saolehe bae

  • Ancik ancik pucuking eri = Wong kang tansah sumelang yen kaluputan

  • Bathok bolu isi madu = Wong asor nanging sugih kapinteran

  • Bebek mungsuh mliwis = Wong pinter mungsuh wong pinter

  • Bubuk oleh leng = Duwe niyat ala oleh dalan

  • Cebol nggayuh lintang = Duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon

  • Cecak nguntal empyak = Gegayuhan sing ora timbang karo kekuatane

  • Cedhak celeng boloten = Cedhak karo wong ala njalari katut ala

  • Desa mawa cara,negara mawa tata = Saben panggonan duweni pengadatan dhewe dhewe

  • Diwenehi ati ngrogoh rempela = Diwenehi sathithik nyuwun sing akeh

  • Dudu berase ditempurake = Nyambung guneme liyan nanging ora gathuk

  • Emprit ambuntut bedhug = Prakara sepele dadi gedhe

  • Endhas gundhul dikepeti = Wis kepenak ditambahi luwih kepenak maneh

  • Esuk dhele sore tempe = Ora manteban ati ( mencla mencle )

  • 1 komentar:

    1. nunut lewat kula nunut lewat
      ajeng lewat sampun kecegat
      kali cilik niku kalen
      jaman cilik konco lalen
      nopo sampean kesupen
      kula bade nderek komen

      BalasHapus